Utami Dewi Fortuna - Kahanan | Zona Nyanyi Indonesia

Lirik Lagu Utami Dewi Fortuna - Kahanan

Kahananku iki, yen tak umpamakke
Koyo cahyaning bulan kang kalingan mego.
Peteng koyo aneng luwung,
Suwung sepi tan ono kang biso
Angluwari panandanging ati.

Jerit tangis atiku, tetes luh ing pipiku
Roso nelongso sliramu megatke tresno.
Ibarat kembang kang layu tanpo kumbang asmoro,
Aku kang kebacut tresno kok tinggal lungo.

Nglangut ing wanci wengi,
Yen rino atiku nelongso.
Putus talining janji,
Kowe ninggal kembang tresno.

Loro laraning ati,
Nadyan loro aku nerimo.
Sliramu cidro janji,
Tego ninggal aku lungo.

Tak lilakke lungamu,
Nadyan abot jroning rasaku.
Pepes woting atiku,
Kesayat welat tresnamu.

Nadyan adoh dunungmu,
Ojo nganti nglalekke aku.
Kenangan lan sliramu,
Dadi memanik ing kalbu.

Umpamane.kowe bali.
Nambani laraning ati dek semono.
Tak enteni.kowe bali.
Bebarengan nyambung tresno dek semono.


Vocal : Utami Dewi Fortuna
Cipt : Kondho Srinanjoyo (Sun Gondrong)
Arr : D&R Record


Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel