Yuliawan Krisdiyanto - Ojo Turu Sore Kaki Feat. Fitria Giartha | Zona Nyanyi Indonesia

Lirik Lagu Yuliawan Krisdiyanto - Ojo Turu Sore Kaki Feat. Fitria Giartha

Ora bakalan luput
Opo kang ginaris pesti
Manungsa mung bisa manut
Marang Gusti kang Murbaeng Dumadi

Kanthi ati kang suci
Nyeyuwun lan miradati
tebih saking sambikala
hama lan lara pinaring tamba

Reff :

Ojo turu Sore kaki
Ono dewo nglanglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine dunga tetulak

Sandang ugo kelawan pangan
Yaiku bageanipun
wong melek sabar narima
mula aja turu sore kaki

Sing bener yo lakonano
Sing kliru yo ndang tinggalno
Ojo mung manut karepmu
Manuto karepe gustimu

Wong nandur bakale ngunduh
ngunduh uwohing pakarti
sak begja-begjane lali
luwih begja eling lan waspada

back to Reff


Judul : OJO TURU SORE KAKI
Vocal : Yuliawan Krisdiyanto Feat. Fitria Giartha
Ciptaan : Yayak Priasmara (serapan lirik asmarandana)


Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel