Prigel Pangayu Anjarwening - Asmoro Lereng Lawu | Zona Nyanyi Indonesia

Lirik Lagu Prigel Pangayu Anjarwening - Asmoro Lereng Lawu

Banyu kang tumetes nelesi bumi
Nggawa rasa kang ngreranta ati
Ngreranta ati kang sepi

Ademe dalan iki kang dadi seksi
Ing lereng e lawu nggonku nunggu pawartamu
Duh kang mas jejantunging atiku

Reff.
Deresing banyu udan nerak raga kang kasmaran
Mega kang tumlawung ngrasakke wong nandang wuyung
Wong bagus sira kembanging atiku
Duh Wong bagus jejampining tresnaku

Endi janjimu seng ra arep ninggalke aku
Endi janjimu seng bakal setya satuhu
Duh kang mas tresnaku mung kanggo sliramu
Kancanono nganti kukuting ndoya

Duh wong manis tresnaku iki mung siji
Mung kanggo memanik ing ati
Duh wong manis tresnaku ra bakal lali
Sumpah ing ati rabakal mblenjani

Title : Asmoro Lereng Lawu Artis : prigel Pangayu Anjarwening Songwritter : Arya Galih


Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel