Kangen Kelingan (Ki Seno Nugroho) - Abah Lala | Zona Nyanyi Indonesia

Lirik Lagu Kangen Kelingan (Ki Seno Nugroho) - Abah Lala

Maturnuwun kang tompo pepindan
kagem sedoyo wejangan panjenengan
Awit lekas nganti tancep kayon
Lakon maton di sambi guyon

Mergo sampeyan kulo ngertos
Crito wayang damel tuntunaning gesan
Dudu sanak dudu kadang
Yen ilang melu kelangan

Ora ngiro ora nyono
Larasing gending sing dadi pepeling
Sworo waranggono giyaking poro wiyogo
Mung kelingan sluluk lan pocapane

Reff
Bakal kangen kelingan swarane bagong
Galake Bolodewo gede sworo werkudoro
Bakal kangen kelingan begawan Durno
Ndugale Ontoseno perang gugur Gatot Koco
Bakal keliangan kayangan Suroloyo
Dawuhe bethoro guru yen bener ayo di tiru
Bakal kangen kelingan Semare bo dronoyo
Wekase dewo Narodo Hanoman kendali sodo

Aku mung biso dedungo kagem ki seno nugroho
pinaringan swargo langgeng

Amin, Amin ya Allah ya Allah Robbalalamin
Amin, Amin ya Allah ya Allah Robbalalamin

Tittle : KANGEN KELINGAN (Ki Seno Nugroho) Album : Single Produser : TM STUDIOS Purworejo Vocal : Abah Lala


Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel